Minggu, 24 Juni 2012

SEJARAH TUBAN I

  SEJARAH KOTA TUBAN I









Sejarah Indonesia sesuai dengan pengertian dari Prof. H. Mohhammad Yamin, dapat terbagi atas lima tingkatan babak zaman.
Babak pertama yang dinamai dengan istilah internasional “Praehistoria” prasejarah atau sejarah purbakala : bermula dengan terbentuknya bumi dan Kepulauan Indonesia serta sejak adanya manusia pertama di tanah air.
Babak kedua dinamai “protohistoria” atau mula sejarah, pembatasan waktu mulai permulaan tarikh masehi tahun 0, sampai permulaan abad ke-7.
Abad ketiga zaman historia yang sebenarnya mulai permulaan abad ke-7 sampai permulaan abad ke-16.
Babak keempat sejak abad ke-16 sampai permulaan abad ke-20.
Babak kelima mulai tahun 1900 sampai sekarang.
Hasil penggalian sampai kini, catatan sejarah Tuban, baru dapat kami ungkap kembali mulai dengan babak ketiga sebagai berikut ini.(Raden Soeparmo).

Janturan Negari Tuban
Swuh rep data pitana. Anenggih pundi ta negari kang kaekaadi dasa purwa. Eka sawiji, adi lunuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Sanajan katah negari ingkang sinangga pratiwi, kasongan akasa, kapit samodra, nanging datan kadi negari Tuban. Marma kinarya bebuka, ngupoyoa negari satus tan antuk siji, sewu tan jangkep sedasa, sanajan kurebing langit, lumahing bumi, tan arsa madha kadi negari Tuban.
Kawastanan negari Tuban, awit negari ingkal mijil sumberipun toya.

Me-Tu Ban-nyu
Negari ingkang dados kuncining swarga-loka. Negari Sekar pundak, kondang kaloka, arum angambar ing jagad triloka.
Dasar negari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah karta tur rahaja.
Panjang dawa pocapane, kondang kaloka ing tribawana punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gunung. Dene negari angungkurake pagunungan, hangayunake samodra bebandaran. Loh subur kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku, jinawi sugih talaga narmada, gemah kang gegriya salebeting praja, jejel riyel apipit aben cukit tepung teritis, ripah kang samya alampah dagang anglur gelur rinten dalu tan ana kendate, labet tan wonten sangsayaning margi. Karta tebih parang muka, tebih saking cecengilan, adoh sangking laku juti. Rahaja para kawula ing padusunan sami ayem tentrem atine, tungkul pangolahe kisma, yeg rumangan ing gawe, bebek, ayam, rajakaya, enjang medal ing pangonan, surup bali ing kandenge dewe-dewe.
Para nara praja sami kontap kautaman, aputus marang wajib panataning negari, racak sakti mandra guna tur samya luhur bebudene.
Tansa ambudidaya harjane negara sakawula, tan remeh cecongkrahan, mung angudi rahayuningrat. Kadaya saking luhur bebudene sri bupati tuwin nara praja, katah para bupati ing manca praja samya sumuyud, bebasan kang celak manglung, kang tebih tumiyung samya anyudara mring Tuban.
Wenang den ucapna jejuluking sri Bupati Ronggolawe. Sri bupati dahat ngundi ing kautaman, mulyakaken agama, nagara myang kawula, tindak adil paramarta. Lampahing pengadilan tan watak ambau kapine, tan mawang santane warga, yen tetela sisip enggal winisesa tan mawi wigih. Sri bupati netepi berbudi bawaleksana, punapa ingkang kadawuhaken tan kena oncad, mesti kaleksanan. Yen ginunggunga, lelabuhane bupati wiyaring laladan, saratri tan apa kendate.
Inggih punika negari Tuban.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar